IKLAN

Sabtu, 27 Februari 2016

Campur Sari - SETYA TUHU



(Bawa Dhandhanggula):
Pamitanku nimas sida asih
Atut runtut tansah reruntungan
Ing sarina lan wengine
Datan ginggang sarambut
Lamun adoh caketing ati
Yen cedhak tansah mulat
Sida asih tuhu
Pindha mimi lan mintuna
Ayo bareng nimas anetepi wajib
Sido asih bebrayan
  
Aku kang tansah satuhu
wit biyen nganti saiki
Bebasane peteng kepapag obor sumunur,  

Andhika panganyomanku
lahir batinku wus nyata
Mung sajake.. andhika semune kurang rena

Tandha yekti… Paseksene.. rikalane,
ngangkat awrat……
Mlampah tebih datan lesu,
mugi lestariya..

Mugyantuk berkahing widhi
andhika mung tansah limpat
Panyuwunku setya kula
tansah anglam-lami


Tidak ada komentar:

Posting Komentar