IKLAN

Senin, 29 Februari 2016

Campur Sari - RONDHO GUNUNG



 
Pi
:
Asem kecut gulo legi
Gulo klopo mas opo gulo batu
Ampun mbacut kulo kandani
Kulo rondo anake telu
Pa :
Pilih ketan opo tape
Podo-podo dik enak rasane
Rabi Piawan abot sanggane
Yen rabi rondo tulus tresnane
Pi :
Kembang mawar mekroke telu yo mas yo
Entuk anyar kowe banjur lali karo aku
Pa :
Semarang kaline gawe yo dik yo
Jo sumelang tresnaku yo mung slirane
Pi :
Abang-abang ora legi yo mas yo
Ngomong sayang ngomong sayang mengko gek ngapusi
Pa :
Suroboyo banyuwangi yo dik yo
Ora liyo sliramu sing tak tresnani
Pi :
Nopo kangmas ora getun
Kulo rondo mas lare saking ndusun
Pa :
Ora gelo ora getun
Nadyan rondo iku kang tak suwun


Tidak ada komentar:

Posting Komentar