IKLAN

Kamis, 07 Maret 2013

Lirik Tembang Jawa - CUBLAK CUBLAK SUWENG



Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong

Aja Lamis

Aja sok gampang
Dadi wong manis
Yen ta amung lamis

Becik aluwung
Prasaja nimas
Ora gawe gela

Tansah ngugemi
Trisnamu wingi
Jebul amung lamis

Kaya ngenteni
Thukuling jamur
Ing mangsa ketiga

Aku iki prasasat
Lara tan antuk jampi
Mbok aja mung kamis
Kang uwis dadine
Banjur dhidhis

Akeh tuladha
Kang dhemen cidra
Uripe rekasa
Becik sawiji
Kang dhemen suci
Tanggung bisa mukti






Lancaran Aja Lamis, Laras Pelog pathet Nem

Lirik Tembang Jawa - JAMURAN



Jamuran ya gégé thok
Jamur apa ya gégé thok
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Sira mbadhé jamur apa