IKLAN

Minggu, 28 Februari 2016

Campur Sari - JENANG GULA



(Bawa Asmarandana) :
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Yen angel angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta
  
Jenang gula kowe aja lali
marang aku iki ya kang mas
Nalikane nandang susah
sapa sing ngancani

Dhek semana aku tetep tresna
sereta tetep setya ya kangmas
Durung nate gawe gela
lan gawe kuciwa

Ning saiki bareng mukti
kowe kok njur malah lali marang aku
Sithik-sithik kowe nesu
terus ngajak padu…. ja ngono aja ngono

Apa kowe pancen ora kelingan
jamane dhek biyen ya kang mas
Kowe janji bungah susah padha dilakoni


Tidak ada komentar:

Posting Komentar