IKLAN

Minggu, 28 Februari 2016

Campur Sari - P R I P U N


Janjine pripun kok ngantos setaun
kirang langkungipun
Kula sesuwun ndika enget
mring sedayanipun

Kabare pripun serat mboten ngintun
Sanak kadang dusun
Sedaya nggih rukun wancine matun
para tani yutun

Mbenjang napa lih wangsul
Ampun ngantos disusul
Makne si ponang gundhul
Ulate kok njegadul pikirane modhal madhul
kono mung kendhangan dengkul

Nilarke dhusun kersane kepripun
saya tageh lamun
Lha mbok nggih sampun wonten dhusun
gesang sak wontenipun





Tidak ada komentar:

Posting Komentar