IKLAN

Jumat, 11 Maret 2016

Campur Sari -- AJA DIGONDHELI

Janjine  ora tenannan jebule, 
kriwikan dadi grojogan
Saben saben dielingke nanging sajake, 
kok anteng wae

Puluh-puluh wis bejaku.. ya dhik ya
wis pancen dadi nasibmu
Tak suwun marang sliramu
aja dadi runtiking atimu

Iwak cucut diwadahi karung
becik mbacut Tinimbang wurung
adhuh mas tinimbang wurung

Menyang pasar kok tuku cipir
aja samar yen ra tak pikir
adhuh dik aja kuwatir

Manuk gagak kok ngaku merak
pancen sengaja pancen diarak
Adhuh mas sakit hatiku

Ana kadal mangani roti
ndang tak budal aja digondheli
Adhuh dik ojo digondheli

Kembang kacang kembang kedele.. e.. lae
Glopa glape dadi gawe
Yen pancen dikarepake
Ayo enggal aku terna ulih wae

Tidak ada komentar:

Posting Komentar