IKLAN

Minggu, 20 Maret 2016

Campur Sari -- AJA SEMBRANA

Ampyang gulane jawa ya mas ya
Pilih kacang apa klapa
Dadi wong lanang mbok aja sembrana
Aja sembrana

Glali jenange gula ya mas ya
Wong lali ora rumangsa
Sarwa-sarwi ngguyokake tingkahe
Suwe-suwe kok mangkelake

Adhuk dhik aku sing kleru
Aja dadi atimu
Durung-durung kowe wis nesu
Neng kali nggawa pancingan
Wong lali ora kelingan
Wong lali ora kelingan

Adhuh dhik aku sing luput
Ja pijer prengat-prengut
Wong ayu dadi semrawut
Sosor bebek disosor meri
Salahku dhewek mohon disori
Besuk-besuk nggak lagi-lagi

Manis gulane batu ja kleru
Sing dodol rupane ayu
Janji kemis mesti dadine setu
Yen kagol tak tinggal mlayu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar